Thursday, November 09, 2006
posted by catur catriks at 1:54 PM | Permalink
diburu asu

nalika samana, maksude, wektu kae, aku arep metu meng umahe mbah Dahlan. Niate njaluk asem pelem mbah Dahlan sing wis mateng-mateng. Mengini banget. La ketimbang nyolong wengi2 kaya sing dilakoni Misman karo Kasum, malah miturutku ora apik babar blas. Ehm ? sebenere aku ya ora bakat dadi maling.

Satekane ngarep umah, takgedor lawange mbah Dahlan. Let ora suwe wonge metu, isih gubedan sarung karo ngucek-ngucek mripate. Ketone mbahe agi beleken.

-mbah, njaluk asem peleme loro, ya mbah? Omongku njaluk

-kepriwe? Kupinge mbahe elek tenan

-asem pelem loro! Suwaraku takserokna karo tangane nunjuk-nunjuk wit asem.

-Oo ..bocah ra sopan! Wis nyolong wingi bengi, siki malah njaluk. Takkeplak sisan ngko! Mbah Dahlan nesu

-Ora mbah, udu aku sing nyolong!

-Goroh! Jere Kasum karo Misman, kowe sing nyolong. Dasar maling! Wis bali! bali! Omonge mbah Dahlan karo mendelik, mecucu.















Aku bali karo gela banget, njaluk pelem ra diwei malah difitnah nyolong. -ya, daripada di fitnah, mending takcolong tenan mengko sore- pikire aku nang ati.

Sewise aku metu sekang pager umahe, aku nggligut meng mburi. Nah, wonge wis mlebu maning meng njero umah. Selak ora sabar nunggu sore, langnsung baen aku mbalik lan menek wit asem pelem kae kanti cepet2, wedi kewenangan.

Takpethil segantang sing isine telu, terus mruput mudun. Lah, pas sikil tengenku ngidak lemah,, dumakan ana asu metu sekang iringan umahe mbah Dahlan karo ngalup-alup seru banget. Mbok njenggirat, atiku trataban tenan. Asu kuwi mburu aku banter banget. Dasare asu tenan asu kae! Aku mlayu secepete aja nganti sikilku dibrakot, bisa rabiesen ngko.

Mergane asu mau nggonggong2, mbah Dahlan krungu, metu sekang njero umah lan weruh aku sing agi diburu asu ingon-ingone. Ngerti tangane aku nyekel asem pelem, langsung baen mbah Dahlan mbengok-mbengok, -Dasar bocah maling! Nyolong wengi kurang wareg, siki nyolong maning! Cluthak!- bengok2e mbah Dahlan saingan karo suwarane asune sing isih nggonggong.

Ra urusan, aku mlayu karo nggondol pelem.

Bojoku sing lagi ngidam wis ngenteni nang umah ra sabar, sajake.

(hehe, sekedar mengingat bahasa ibu. Bila tercampur antara bhs banyumasan dgn bhs semarangan, adalh hal lumrah. 4,6 thn pernah di semarang. -semarang kaline banjir, beras larang ra dipikir ----)